Sabtu, 14 Juni 2014

unggah-ungguh basa jawa



UNGGAH-UNGGUHING BASA JAWA
LINDA FERONIKA
A510120181
Pendidikan Guru Sekolah Dasar
Fakultas Keguruandan dan Ilmu Pendidikan
Universitas Muhammadiyah Surakarta
2014

feronikalinda1@gmail.com



PEMBAHASAN
           
            Unggah-ungguhing basa Jawa, yaiku pranataning basa manut lungguhing tata krama. Tata krama, yaiku samubarang kang ana sambung rapete karo wong lagi ngomong supaya runtut anut paugeraning paramasastra. Supaya jumbuh/trep karo unggah-ungguhing basa Jawa, mula menawa sesrawungan karo wong liya kudu:
1. Basane netebi pranataning subasita
2. Manut paugeran tata susila
3. Basane gawe reseping ati    
            Unggah-ungguh asring sinebat undha usuk, tingkat tutur, tingkat ujaran, utawi speech level. Unggah-ungguh tegesipun tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama. Undha usuk tegesipun tatakrama unggah-ungguhing ginem tuwin tindak tanduk utawi sopan babagan pangandikan lan tumindakipun. Tingkat (speech level) inggih punika tata caranipun ngaturaken raos pakurmatan dumatheng tiyang sanes rikalanipun sami gineman.
            Basa Jawa iku duwe unggah-ungguh basa, yaiku sing mbedakake basa Jawa karo basa liyane kang dianggo pasrawungan manungsa. Dene cak-cakane nganggo wewaton ing antarane:
1. Umur, kanggo sing enom ngurmati sing tuwa
2. Peprenahan,kanggo adhi ngurmati marang kangmas/mbakyu lan anak ngurmati bapa utawi biyung
3. Drajat pangkat, kanggo murid ngurmati marang gurune lan pegawe ngurmati marang pangarsane.
4. Drajat semat, kanggo ngurmati wong sing sugih, lemahe amba, lan sapanunggalane.
5. Trah, kanggo ngurmati merga tedhak turune wongluhur, trahing kusuma rembesing madu.
6. Luhuring pribadi, kanggo sarjana, pahlawan, ulama, lan sapanunggalane
7. Tepungan anyar/durung kulina, adakane luwih diajeni.

Unggah-ungguhing basa jawa:
a.     Basa ngoko
         Basa ngoko kaperang dadi:
     1) Ngoko lugu
         Ginanipun basa ngoko lugu inggih menika kangge gineman utawi pachelaton antawisipun:
·   tiyang sepuh dumateng anak, wayah, utawi tiyang enem sanesipun.
·   sesamining tiyang,boten ngemuti drajat lan pangkatipun.
·   panggedhedumateng andhahanipun
·   ngudaraos piyambakan
     2) Ngoko andhap:
         - Antya basa: tembungipun ngko kecampuran tembung krama inggil  tumrap tiyang ingkang dipunajak gineman, ingkang ngendika mawi krama andhap mratelakaken dipunajeni.
         - Basa antya: wujudipun ngoko dipuncampuri tembung-tembung krama lan krama inggil.
b.   Basa madya
1)      Basa madya ngoko inggih menika basa ingkang tembungipun nadya ingkang kacampurantembung ngoko ingkang boten wonten madyanipun.
2)      Basa madya krama ingkang tembung-tembungipun madya kacampuran tembung krama.
3)      Madyantara menika tembung-tembungipun kedadosan saking basa madyantara namung tembug-tembung ingkang tumuju dhumateng tiyang sanes ingkang kaajak gineman kagantos mawi krama inggil.
c.       Basa krama
     Basa krama kaperang dadi:
1)      Mudha krama/ krama alus inggih menika basa ingkang luwes sanget, jalaran saged kaginakaken dhumateng sadhengah tiyang, boten wonten awonipun. Tiyang dipunajak gineman dipunaosi, dene ingkang gineman dipunasoraken.
2)      Kramantara menika tembungipun krama sedaya boten kacampuran krama inggil.
3)      Wredha krama menika meh sami kaliyan kramantara, boten kacampuran krama inggil wondene bedanipun wonten ater-ater di-, lan panambang -e/-ake.
d.      Krama inggil menika tembungipun krama sedaya. kacampuran krama inggil tumrapipun tiyang ingkang dipunajak gineman.
e.       krama desa menika basa ingkang tembung-tembungipun krama, kacampuran utawi kamomoran tembung-tembung krama desa.
f.       Basa bagongan inggih menika basa ingkang namungkaginakaken utawi kangge gineman wonten salebeting dhatuloyo utawi karaton.
           
KESIMPULAN

Unggah-ungguh asring sinebat undha usuk, tingkat tutur, tingkat ujaran, utawi speech level. Unggah-ungguh tegesipun tata pranataning basa miturut lungguhing tatakrama. Undha usuk tegesipun tatakrama unggah-ungguhing ginem tuwin tindak tanduk utawi sopan babagan pangandikan lan tumindakipun. Tingkat (speech level) inggih punika tata caranipun ngaturaken raos pakurmatan dumatheng tiyang sanes rikalanipun sami gineman. Unggah-ungguhing basa inggih menika basa ngoko, basa madya,basa krama,basa krama inggil, krama desa, lan basa bagongan.

DAFTAR PUSTAKA

Sulistyanto. 2008. Bebakalan Sinau Basa Jawa. Surakarta: Cendrawasih.
Winoto, Bekti.2008.Modul Siswa: Penunjang Pembelajaran Basa Jawa. Surakarta: PT Widya Duta Grafika.
Sutardjo,imam.2014.Kawruh Basa saha Kasusastran Jawi.Surakarta:bukutujju.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar